Sabtu, 31 Januari 2015

SINATRIA




Sinatria kang bagus iku Janaka
Punakawan Semar, Gareng, Petruk, Bagong
Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku lucu
Yen guneman durung rampung padha ngguyu
Ha ha ha ha.. hi hi hi hi..

MANGSA RENDHENG




Mangsa rendheng
Pak tani atine seneng
Neng sawah padha macul
Kathoke ireng, klambine ireng
Yen wis rampung
Pak tani mulihe bareng
Sinambi omong-omongan
Sajake gayeng…sajake gayeng

LAGU JAWA UNTUK TK:WIWIT BAYI



Wiwit aku isih bayi
Wong tuwa sing ngopeni
Nganti tumeka saiki
Tansah digemateni
Mangkat sekolah disangoni
Sandang pangan wis mesthi
Mula aku wajib bekti
Mbangun turut ngajeni